Memanik ing Ati

 

Dening: Jadid Al Farisy

Gurit katresnan kanggo anakku cah ayu, Haya Mumtazah Bi'aunillah


Ngger, sinduk cah ayu...
Jo pijer mular, mundhak sasadara kinemul mega
Cup menengo, Ngger...
Lha kae rembulane ndadari
Manjer kawuryan ing madyaning ratri
Sumoroting cahya teja anelahi
Byar gumebyar ing wayah wengi
Duh...ngger sinduk memanik ing ati...
Tak gadang lan kekudang-kudang
Mugi mbesuk dadya putri siwi
Tansah migunani tumraping sesami
Demen agawe becik, linambaran kenceng ing pikir uga bening ing galih,
Kinabekten marang nagari lelangkung agami
Bapa ibumu aja nganti lali,
Kepara nyata sliramu, Cah ayu...
Wus dangu anggene bapak ibu antu-antu,
Nem surya suwene nganti seprene
Sawernane lakon dalah lelaku wus dakliwati
Paribasan segara geni pucuking eri
Nora dadekna ajrih lan cilik ati
Kabeh iki mung kanugrahane Gusti
Maha mirah dalah welas Asih...
Pamujiku nduk, Ngger anakku...
Mugi tansah pinaring kabagas warasan
Sajiwa kasarira, wilujeng kalis nir sambikala,
Aamiin...


Gresik kedhaton, 131021

Tidak ada komentar:

Posting Komentar