Mendung katon ngglayut
Sesawangane san saya dhedet
Kadyo mralampita
Ati-ati kang den cidera
Dening para penguasa
Ingkang sampon kulina
Nulayaning prasetyo
umbar janji umbar supata
Dateng kawula alit
Yen aku ora dadi ngapa
Senajan patrapmu kaya mengkana
Nanging iling
Sesok yen rejaning jaman
Bakal tak tagih sumpahmu
Aja sumingkir lan aja tedheng
Nganggo panggaling-aling
Tumekaning karma
Tumiba saklebating teja
Lamongan, 16 November '17
Tidak ada komentar:
Posting Komentar